Friday, March 13, 2015

BEGAL

BEGAL adalah merampas di tengah jalan dengan menghentikan pengendaranya, biasanya Begal ini terjadi di jalanan yang jauh dari keramaian. julukan yang mudah yaitu perampok, penyamun, penggarong, pengecut


Bagaimana mengantisipasinya ........ 







BEGAL:

Lagi nglaras numpak sepeda motor, sak klebètan soko koco spion, kéthok ono sing ngoyak, wong 2 boncèngan, jakét kulit, hèlem'é 'full face', ora kethok rupané. Sing mboncèng mburi tangané ngawé-awé, kode bèn aku minggir....
"Wah.., blaik..! Iki mesti bégal ngincer motorku, sakiki 'rak lagi usum, koran2 karo tivi akih mbritakaké", batinku....
"Motor 'nggo modal nyambut gawé jé, nèk karampas piyé....??"
Gas motorku tak pancal sak banteré, awak nganti ndredheg kemringet. Yo tenané, jujur, aku kuwatir tur wedhi, wong arep dibègal, (batinku nèh).
Tangan sisih tengen ngenti loro lé mlintir handel setang, pokoké pol2an. Sarono nggo nggolèk pangan, koq arep dirampok.
"Taat tiiit..., taaat tiiiitt...!" Nglakson bola-bali bèn sing nèng ngarep dho semingkir.
Ning piyé manèh, honda astrea tuwo 'ki mbok gas'é diplintir sak kemengé, ngenti 'kaing-kaing mbengok, mlayuné sepiro..? Lha sing ngoyak, tak lirik 'ki tumpakané koyo ninja 250 cc.
Berjuang ngenti tètès darah terakhir..., aku kesusul wis... Pasrah bongkokan....!
Pas njèjèri nèng sisih tengen, sing mboncèng mburi mbukak koco hèlemé, karo rodho mbengok (bèn aku krungu) kondho,:
"Brooo...., kaé lho..., bojo sampéyan kèri nèng pom bensin.....!"

Oalllah ...lali sak plengan Bojoku keri ...astaghfirullah ..










1 comment:

f87 media said...

Keren blognya sangat informatif dan inspiratif, artikelnya juga sangat bermanfaat. Di tunggu juga ya kunjungannya di f87media.blogspot.com.

Support web ini

BEST ARTIKEL